My Experiences

Kamis, 13 September 2012

SIAL

            Nalika aku tasih SMP kelas wolu, aku lan kanca – kanca dolanan utawa playon nang mushola. Kira – kira jam papatan, sakdurunge sholat Ashar aku lan kanca – kanca dolanan banyu nang mushola nduwur. Mbiyen, mushola dhuwur dereng rampung dibangun. Dadi musholane reget lan nek udan lunyu banget.
          Dina kuwe dina Setu, dadi klambine mboten dianggo malih amarga sesuk dina Minggu. Sakdurunge aku nang mushola, aku lan kanca – kanca tuku umbe sprit lan pepsi nang koperasi. Kira – kira umbene arep entek, aku ndeleng cah kelas pitu lagi mlaku meng aku. Aku nduwe ide yen aku arep mutahake sprit  nang jogan. Aku lunga sing adoh lan ngundang cah kelas pitu mau.


          Aku lan kanca – kancaku mlongo nalika sing kepleset malah pak Kebon. Aku mlayu menyang kantin lan tuku bakmi godog. Sakwise padha entek, langite mendung lan udan deres banget. Naiatku sakwise mangan aku arep bali. Dadi aku lan kanca – kanca ngenteni udane reda.
          Aku ngenteni nang mushola sisan karo sholat Ashar. Sakwise sholat, udane durung rampung dadi aku dolanan kartu poker. Nek sing kalah bukak benik siji, nek kalah maning bukak benik siji maneh ngasi wudho nduwurane.
          Aku kur kalah ping pindho thok. Amarga aku pinter dolanan kartu poker. Aku lan kanca – kanca bosen dolanan kartu dadi aku dolanan voli tapi wudho ora nganggo klambi. Aku melas banget karo kancaku sing jenengane Ilham, amarga nasibe lagi ora mujur. Ilham wis kalah bae dolanan kartu trus saiki kepleset lan kena bal voli.
          Sakwise padha kesel, aku lan kanca – kanca turonan nang mushola dhuwur karo ngenteni udane reda. Aku turonan karo crita – crita sing lucu tapi mandan saru.
          Nalika kira – kira jam limanan udane mandan reda tapi aku lan kanca – kanca urung langsung bali tapi palah dolanan mic sing biasane kanggo adzan. Saking senenge dolanan mic, tutupe mic ucul lan pleot trus sambungan kabel lejek utawa kendo.
          Sakwise dolanan mic, aku lan kanca – kanca lunga menyang gudang mushola. Nang kono aku dolanan rebana lan ngotak – ngatik setelan ampli sing nyambungake corong. Trus ora suwe, pak Kebon teka lan ndomehi aku lan kanca – kancaku.
          Sakwise kuwe mau aku lan kanca – kanca nganggo klambi lan sepatu trus lunga njukut tas trus njukut tas. Aku bali lan tekan umah kira – kira jam tengah lima. Sakwise tekan umah aku di omehi soale klambiku teles jebes.
         
Created by: Muhammad Iqbal (XI IPA 2 / 18)
Academic Year: 2012 / 2013

0 komentar:

Posting Komentar